Kisah Tumijan, Tumini, dan Kucingnya


Isenk - Tumijan mangkel tenan karo kucing ingon-ingone Tumini, bojone. Saben dino kucing mau mung dielus-elus, dipangku-pangku, dikeloni. Deweke dadi bojone malah ora tau digatekne. Terus terang deweke cemburu berat karo kucing kuwi....


Sawijining dino Tumini lungo neng pasar arep dodolan telo.


"Aku lungo pasar disik yo Kang.."


"Yo kono...ati-ati.."

Bareng Tumini lungo, Tumijan langsung ndekep kucinge trus digowo lungo 10 km adohe, trus di culke ning pinggir dalan. Tumijan bali mesam mesem mergone bungah... 

Tapi bareng tekan omah.. Jenggirat! kucinge wis tekan omah disik malah lagi mangan teri... 
Tumijan gregeten pisan, langsung di cekel maneh, lebokne karung, langsung digowo lunga maneh...
Saiki ora tanggung-tanggung, diputer-puterne, mlebu gang, nyabrang kali, liwat kebon, dalan gedhe, dalan cilik, pokoke mumet-met, nganti tekan pinggir alas... jarake yen dietung-etung sekitar 20 km.

"Naahh... Saiki kowe ora bakalan bisa bali Cing... Mati kowe..!!" Ujare Tumijan sajak bungah banget.

Bareng bakdo maghrib Tumijan tilpun Tumini..

"Bu... Kowe wis bali seko pasar..??"


"Ya wis kawit mau yaa..."


"Kucingmu ono opo ora...?"


"Ya ono kae... Lagi turu mlungker ngarep tivi..."


"Ndang digugah.. trus wenehno HP-ne nang kupinge kucingmu..."


"Lhaa... Ngopo Kang kok arep ngomong karo kucingku...??"


"Arep takon mau baline lewat ngendi.. Aku kesasar."

╋╋ム ┣┫ム ╋╋ム  
┣┫ム╋╋ム ┣┫ム...  
╋╋ム┣┫ム╋╋ム ┣┫ム╋╋ム
┣┫ム...